
CERITANE GAPTEK, Gandeng siki jamane tekhnologi Bolot moh kalah karo batire batire sing senengane petantaang petenteng nggaawa laptop jere angger ora due laptop dialokna gaptek, modal tukar tambah karo pit motor jet coled bolot bali nggawa laptop sekalian printere,gandeng ben tanggane utawane batir batire weruh bolot pamer terus ngetokna meja nang teras terus gagean baen kweh bolot pamer mbukak laptope nang teras ora kelalen nyolokna kabel sing sekang printere sisan padahal jan jane bolot kweh babar plotas ora ngerti apa2 tapi timbang dialokna gaptek ya kweh seteyeng teyenge pokoke sing penting gaya.
sawise printer wis tersambung bolot nguripna laptope pas laptop nyala ana tulisan
“printer not found”.
Weruh tulisan kaya kweh bolot bingung apa artine mikir2 bolot nelpon ponakane kon maring sing sekolah nang SMP sing jenenge mangun,mbarang mangun wis tekan ngumaeh bolot langsung baen ditodong pitakonan
Bolot : ngun.. Kweh deleng laptopku, mau nembe tuku…kan jerene batir2 ku sing ngomong mesin laptop kweh merupakan perangkat sing pinter… lha kowe kan bocah pinter wong genah sekolahe be rangking terus jajal kowe ngerti ora artine tulisan kweh..!jal pinter endi kowe karo laptope??
(Karo pura-pura nge-test..)
Mangun : “Gampang… kweh lik artine printere ora ketemu bener mbok jawabane nyong!!
Bolot bingung masa jere perangkat pinter genah2 printer semono gedene terus disandingna kwoh laptope ora weruh nganti ora ketemu. Aja aja si bendol sing tukang dodolan laptop nglomboni perangkat bodol diarani pinter kyeh kudu ditindak lanjuti akhire bolot nelpon meng bendol
Bolot :halllo
Bendol :iki bendol ya sing tukang adol laptop!!
Bendol : halo iya bener iki bendol sapa iki ya!!
Bolot : iKi bolot sing mau tuku laptop nang tokomu sing tukaar tambah karo pit motor kemutan ora kowe??
Bendol :ea nyong kemutan...ana apa mas??
Bolot : kowe jebule ngapusi nyong ya wong laptop gemblung lan goblog kwoh diomongne pinter, masa printer gedhene semene tek sogna nang jejere kwoh ora bisa nemukna kyeh kepriwe?
Bendol : “Ora nemu kepriweh maksude”
Bolot : “Lha kyeh ana tulisan .. printer not pond !!
Bendol : “Owalah kweh udu laptope sing goblog tp sambungane ana sing urung konek Kweh kaya kyeh kang kweh ana kabel...bla bla bla..( aweh intruksi meng bolot)
Akhire laptope wis bisa nyambung meng printer,pas laptope wis urip bolot pan nggolet alamate pacare dawul sing nang hongkong wong jere batire laptop kweh kena nggo nggolet alamat.
bolot bingung kepriwe carane nggoleti alamate dawul nganggo internet melalui laptop akhire bolot nelpon bendol maning
Bolot :halo..gyeh nyong tuli krungu jere batirku nek laptop kweh jere kena nggo takon2 kabar pacare sing ana nang Hongkong kweh kepriwe”
Bendol : “Kowe kudu ngerti alamate”
Bolot : “Wis tek tulis lengkap alamate kwoh malah lengkap banget nganti tek tulisi jenege Dawul, asline. Banjarnegara, meng hongkong kit tahun 2005, dikirim sekang biro jasa Makmur Abadi.. , tapi nang laptop ora ketemu gweh!! jerene kyeh perangkat sing pinnter masa nggoleti alamat be ora jegos!!
Bendol :udu alamat kweh mas maksudku emaile nek ora bisa jajal digoleti sekang ipene”
Bolot : “Ipe sing endi… wong bocahe esih prawan ya mesthi urung nduwe dulur ipe lah..!!
Bendol : “Wis kang.. Kweh Laptop bungkusen maning kirim balik mrene, montormu tebusen maning baen!!