Wayang Kulit ngrupikaken satunggaling
kesenian tradisional jawa ingkang kalebet kesenian tuwa kedamel saking cucal
utawi kulit kewan kados sapi, mendho, ugo kewan sanes kagem mujutaken tokoh ing
pewayangan.
Para ilmuwan anggadahi penggalih bilih
kesenian wayang kulit sampun dipun ginakaken dening masyarakat jawi kagem
satunggaling hiburan tebih sakderengipun agami hindu lan budha mlebet wonten
ing tlatah jawi. Kisah lan crita wonten pamentasan pewayangan ingkang anggadahi
filosofi tatanan lan tuntunan gesanging masyarakat ingkang sae ndadosaken
kesenian meniko salah satunggaling cara anggenipun nyebarake piwulanganipun.
Kados crita pewayangan ingkang kita mangertosi semenika kathah ingkang
nyitakake dewa saha ajaran agami saking nagari India kanthi lakon kang terkenal
nun injih mahabarata perang baratayudha.
Menawi kulo panjenengan sami tinggali
wonten crita menika anggadahi satunggaling pokok kanthi nyebaraken piwulang
kagem gesang ingkang sae dening hubunganipun kalian sesami makhluk ugi hubunganipun
kalian Kang Maha Kuwasa.
Perkembangan jaman lan tatanan gesang
wonten masyarakat samenika saestu sampun minggiraken kesenian wayang kulit
saking tlatah hiburan. Perkembangan teknologi langkung-langkung elektronik
saestu saget ngilangaken tradisi jawi menika saking tlatah jawi. Mila menika
artikel wayang kulit menika saget sami kita ginakaken kagem satunggaling
motivasi kita supados saget nguri-uri tradisi jawi wayang kulit. Kanthi
kesadaran kula panjenengan sami anggenipun nguri-uri tradisi jawi mugi saged
nglestarekaken wayang kulit menika dumugi anak wayah kita sedaya.
